CERKAK


Pilihane Yai

Ing wayah sore nalika Sa’altunan durung keprungu, aku digoleki santri lain sing ora reti sapa ning aku ngerti nek kuwi adek tingkatku. Aku digoleki merga Pak Yai pengasuh pondokku nyeluk aku. Jas langsung tak samber, kudung langsung tak enggo. Aku mlaku karo nerawang-nerawang apa sing bakal diadepi.

Biasane yen ana sing diceluk nek ora kon resik-resik ya merga ana kaluwargane teka moro. Ning wong tuwaku ora mrene, nek nyambangi mesthi wae kandha disit marang aku. Dasare wong tuwa loroku ya wis sepuh lan ora mungkin nyambangi aku. Ning yen aku kon resik-resik, aku duwe salah apa? Aku pancen jarang ngaji ning ora mung aku. Yen aku di ta’zir merga jarang ngaji mesthi aku akeh sing bakal diceluk. Nanging iki ora mung aku sing diceluk, sore-sore wayahe bocah siap-siap ngaji bandongan.

Tekan ndalem(griyane yai) aku saya deg-degan. Jantungku rasane cenat-cenut kaya-kaya arep metu saka dadaku iki. Ndalem tengah wis tak lewati ning sepi, ora ana wong. Aku mung krungu swara wong-wong padha guneman. Swara kae swarane Yai lan garwane, ning ana swara sing ora tak kenal. Swarane bocah lanang sing ora patia tuwa lan udu uga swarane bocah cilik.

Aku bingung nalika wis tekan ngarep lawang arah metu marang ndalem ngarep. Aku wedi yen ngganggu merga ana tamu ning kono. Nalika tanganku nyekel gagang lawang, ana bocah nggawa wedang teh saka mburi. Sanalika aku duwe ide. Nampan sing isine wedang teh tak jaluk lan aku langsung mlebu ngampiri Pak Yai lan tamune.

Nalika swara lawang ngiringi lakuku marang ndalen ngarep, kabeh wong padha ngaddhep aku kabeh. Mat tratap, jantungku saya gemruduk kaya-kaya arep mlayu nyang njaba awak. Ambegan tak atur, alon-alon awakku tak tarik ngisor nganti tekan dhengkulku sing dadi tumpuan awakku. Banjur aku nggawa wedang setengah ngesot. Rasane dhengkulku pegel nalika tak go mlaku ning rasa kuwi ilang ketutup gemetering awakku.

Wedang tak aturake, banjur aku siap-siap mundur nyang ndalem tengah. Ning lakuku kaendheg dening Ning Hana garwane Pak Yai. Aku dijak jagong ana sacedhake Ning Hana. Kaget rasane lan saya wedi. Sanalika guneman sing mau tak krungu langsung mandeg, kabeh padha meneng, gawe aku sansaya bingung. Ora let suwe Pak Yai ngenalke tamu kuwi marang aku. Jenenge Faiq. Aku mung bisa ngguyu tipis lan manthuk kanggo tanda aku ngerti. Lan seka sisih Ning Hana ngenalke aku marang tamu kuwi. Aku mung bisa tumungkul nunduke sirah sing rasane mumet merga mikirke apa maksud kedadean iki.

Suwe-suwe obrolan kuwi saya serius. Lan tujuane tamu kuwi mau wis mulai ketok. Tamu kuwi jebul pengen ngolehke mbake santri kene. Oh.. aku mulai mudeng, mesthi aku dijaluki tulung golekke mbake sing kira-kira pantes lan gelem karo Kang Faiq. Ning tebakanku salah banget, jebul aku diceluk ki merga sing meh dijodohke kuwi aku, Uli si santri nakal sing jarang ngaji.

Ya allah, aku mung bisa mlongo krungu kuwi. Ing sisih kene pancen umurku wis kudune siyap nikah, aku wis lulus S1 lan wis duweni kerja senajan statuse esih magang. Nanging ing sisih lain, aku wis duwe pepacangan sing tak ajab bisa ndampingi aku engko tekan tuwa. Aku mung bisa pasrah lan meneng merga sanakal-nakale, aku ora wani mbantah utawa nolak dhawuhe Pak Yai. Apa meneh Ning Hana ugi ora meksa kudu dadi, ning aku dikon nyoba hubungan sik mbok menawa cocok. Aku sansaya ora penak yen nolak kuwi. Akhire aku mung bisa nampa lan aku masrahke kabeh marang wong tuwaku ning desa.

Sawise kedadean kuwi, aku meksa Mas Ilham moro nyang umah. Merga aku wedi yen Kang Faiq mengko dumadakan lunga umahku lan nembung aku marang wong tuwaku. Syukure, pepcanganku nayguhi lunga marang umahku. Dheweke lunga marang umahku dolan. Wong tuwaku ora cubriya merga dheweke mung dolan utawa apel nek jere bocah-bocah siki. Aku rada lega, merga Masku wis moro umahku.

Pirang-pirang dina iki, aku Wa’nan karo Kang Faiq. Wonge pancen nyenengke lan sing tak rasa aku nyaman ngobrol karo wonge senajan namung lumantar HP. Ing sawijing wektu, Kang Faiq nembung yen dheweke pengen dolan nyang umahku. Aku bingung tapi aku ya ora wani nolak. Pungkasane dheweke tak olihke moro nyang umahku. Sing ora tak nyana-nyana jebul dheweke moro karo wong tuwa lorone. Lan dheweke nembung aku  marang wong tuwaku dina iku uga. Wong tuwaku sing seneng merga Kang Faiq serius tenan langsung nampa lamaran kuwi. Atiku kaya-kaya meh tiba, ning ibuku ngadem-ngademke aku lan jelaske kenapa nampa Kang Faiq. Aku sing ngerasa nyaman mung bisa nampa kekarepane wong tuwaku. Lan aku uga inget nalika aku dikenalke karo Kang Faiq aku masrahake keputusan marang wong tuwaku. Kabeh disiapke aku akhire nikah karo Kang Faiq calon sing dipilihke Pak Yaiku.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tokoh Inspiratif