Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2018

CERKAK

Pilihane Yai Ing wayah sore nalika Sa’altunan durung keprungu, aku digoleki santri lain sing ora reti sapa ning aku ngerti nek kuwi adek tingkatku. Aku digoleki merga Pak Yai pengasuh pondokku nyeluk aku. Jas langsung tak samber, kudung langsung tak enggo. Aku mlaku karo nerawang-nerawang apa sing bakal diadepi. Biasane yen ana sing diceluk nek ora kon resik-resik ya merga ana kaluwargane teka moro. Ning wong tuwaku ora mrene, nek nyambangi mesthi wae kandha disit marang aku. Dasare wong tuwa loroku ya wis sepuh lan ora mungkin nyambangi aku. Ning yen aku kon resik-resik, aku duwe salah apa? Aku pancen jarang ngaji ning ora mung aku. Yen aku di ta’zir merga jarang ngaji mesthi aku akeh sing bakal diceluk. Nanging iki ora mung aku sing diceluk, sore-sore wayahe bocah siap-siap ngaji bandongan. Tekan ndalem(griyane yai) aku saya deg-degan. Jantungku rasane cenat-cenut kaya-kaya arep metu saka dadaku iki. Ndalem tengah wis tak lewati ning sepi, ora ana wong. Aku mung krungu s