Gending Langka
Dening: Khoirunnisa

Gending? Apa iku?
Jarene gending iku balungan
Jarene gending iku kendang
Halah mbuh aku ora ngerti

Sing aku ngerti
Gending kuwi langka, jarang
Sampeyan ngerti?
Endi? Neng endi? 

Suara kae neng endi anane?
Ukiran kae wis ora katon!
Ora ngerti jluntrunge saiki
Ora ngerti aku ora ngerti

Jare kon diuri-uri
Nanging nyatane apa?
Gending tetep langka
Haa mbuh

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tokoh Inspiratif

CERKAK